Ngawekani akehe informasi 

        Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane bab kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti binggung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik iku bisa aweh pitulungan,ngentengake bot repote bebrayan. 
      Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa di temoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk,pamflet,koran lan radio. 

A. Ngrembug teks iklan

         Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurug utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakke.lumantar medhianie iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan tulis.
         Titikane iklan kang becik yaiku jujur,objektif,cetha,ringkes,tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan lan logis. Dene unsur unsure iklan ing antarane yaiku : 
1.jenenge barang utawa jasa kang ditawakake
2.pihak utawa pamongan kang masang
3.alamate sing masang
4.kahanan serta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake

Titikane basa iklan yaiku :

1.migunakake slogan
2.ukurane persuasu utawa mbukuk wong lio
3.migunakake subjek wong kapisan

B. Nulis teks iklan

1.sing dituju kudi cetha
2.sing ngirim kudu cetha
3.barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha
4.narik kawigaten seng maca
5.nuwuhke rasa pengin nduweni barang sing ditawakake
6.bisa nggawe sing maca tuku barang seng ditawakake
7.nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling eling

C. Carane nulis iklan

1.temtokno ancasane iklan
2.gawe cengkrongan kang dumadi saka unsur unsure pawarta
3.ngrembakake cemgkrongan dadi iklan kang wutuh,nggango basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten. 

D. Nyuguhake teks iklan

1.paham isine iklan
2.swara lan pangucaping tembung kudu cetha lan trep. 
3.menawa awujud pacelaton kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake

Sumber:gegaran nyinau basa ja
wa 2 kelas XI SMA/SMK/MA



Komentar

  1. Wahh sangat bermanfaat infonya

    BalasHapus
  2. Sangat Mudah untuk dipahami karena ringkas dan jelas 🙏

    BalasHapus
  3. Mantap, lanjutkan memberikan informasi yang positif👍

    BalasHapus
  4. Makasi sangat bermanfaat sekali👌👌

    BalasHapus
  5. Jelas mudah di pahami tapi sayang pengunaan kata/tingkatan bahasa ada yang kurang tepat

    BalasHapus
  6. Good sangat membantu teman teman semua👌

    BalasHapus
  7. Good nambah ilmu baruu makasihh mba

    BalasHapus
  8. Beh, terlalu kejawen, kangelen le mahami arti

    BalasHapus

Posting Komentar